SINAU BASA JAWI
Pepanggihan malih para kadang. Ing pepanggihan punika mangga sareng-sareng sinau babagan basa Jawi. Basa Jawi anggadhahi tingkatan inggih punika ngoko lan krama. Ngoko kapilah dados ngoko lugu lan ngoko alus. Dene krama ugi kapilah dados kalih inggih punika krama lugu lan krama alus.

